Jumat, 17 Januari 2014

KLIRU

                Ing salah sawijining dino Yulia Robets bintang Holywood ngimpi ketemu malaikat Samber Nyowo utawa malaikat Izzo’il kang tugase njabut nyawa.Yulia Robets wedi banget,yen ajale wis wayahe teko.Karo ngrepek-ngrepek Yulia Robets ngemis;’’Wahai malaikat ingsun nyuwun kawelasan panjenengan kulo ampun dipejahi rumiyin’’.Malaikat nyauri;”Aku ora arep njabut nyawamu,aku malah ngabari yen awakmu diwenehi umur dowo.Umurmu isik 100 tahun maneh.”Yulia Robets bungah banget oleh kabar mengkono.
                Sak banjure Yulia Robets ,tangi .Dewek’e  ngoco/bercermin.Katon yen wajahe mulai keriput,maklum mundak tuwek.Dewek’e ora kurang akal kanggo nutupi keripute mau,yaiku operasi plastik.Yulia milih rumah sakit sing paling apik.
Hasile operasi luar biasa.Yulia Robrets mundak uayu.Rupane seje karo sak durunge.Rupane saiki mirip karo wong Cino.Iki mergo Yulia milih operasi ndek rumah sakit cino.Kabeh wong podo pangling.Penggemare,lan konco-kancane ugo pangling.Sopo wae sing kenal deweke mesti pangling.
                Ketepaan pas traveling menyang Bali ,Yulia Robets kenek musibah,yaiku pesawat sing ditumpangi nyantol pucuke monas.
Yulia Robets sedo.Yulia Robets protes marang malaikat samber nyowo . ’’Wahai malaikat, ajalku jare isik 100 taun,kok saiki aku wis mati?’.Malaikat Samber nyowo ngiwasi  wong sing protes mau..........banjur takon,’’awakmu iki sopo? Yulia Robets nyauri,’’Aku Yulia Robets.’’O......Pangling aku rupamu kok gak podo karo biyen ,dadi maklum wae nek aku’’ kliru’’njabut nyawamu.Nek wis kadung tak jabut ngene iki ora keno dibalekno.Soale wis enek undang-undange yaiku:
‘’BARANG YANG SUDAH DIBELI TIDAK DAPAT DIKEMBALIKAN’’

                

Rabu, 15 Januari 2014

Si Bedun

                Tepangaken.....nami kulo Dullah,asli Nganjuk Jawi Wetan Indonesia. Kagolong benua Asia lan jumeneng ing planet Bumi.Golangan darah kulo merah/abang sanes biru.Sampun kabuktek aken nalika kebacok, getih kulo warni ‘abrit utawi merah’’.Menawi panjenengan pengin sumerap golongan darahipun panjenengan, monggo kulo aturi ngiris drijinipun panjenengan....wkwkwkwk.
                Ing ngriki kulo bedhe matur menawi kulo anggadhahi nami sanes/nama lain,ingkang maringi biyung kulo.Nami sanes kulo meniko ‘’Bedun’’.Menawi basa Indonesianipun:Bodoh,menawi basa krama inggilipun: ‘Stupid’’.Kulo critani gih, pripun asal-usulipun biyung kulo maringi gelar kehormatan meniko .Gih menika asma ‘’Bedun’.
                Naliko semanten biyung kulo gerah.Badhe berobat boten gadhah arto.’’Kulo suntik aken gih yung,.’atur kulo marang biyung.’’Duwit endi to le sing gae bayari dokter,kanggo mangan wae ora ono,’’,semaure biyung. ‘’Mendo/wedusipun mawon disade to yung,kaleresan sak meniko dinten akad pon.Pasaranipun peken Gondang’’,usul kulo maringi solusi.’’Yo wis yen ngono dollen weduse, mengko sisane kenek nggo mangan,yen loro ngene iki aku yo ora iso kerjo pitil brambang’’,semaure biyung nyetujoni usulanku.’’Tapi le, welinge biyung,’’ Weduse ojo didol murah.Nek di tawa atusan ewon ojo kokkekno paling ora yo jutaan’’.Inggih yung....kulo emut-emut welinge panjenengan.
                Sak banjure .....mendo/wedus kulo beto  dateng peken Gondang.Salah sawijining blantik ngenyang limang atus ewu. Mboten kulo paringaken ,eling welingipun biyung kudu payune jutaan.Blantik liyane ngenyang setengah juta ,mergo eling welinge biyung ‘kon ngedol jutaan’’,yo tak wenehke.
                Arto mendo sampun kulo tampi ,lajeng kulo mantuk,matur marang biyung.’’Yung....menika lho arto mendonipun.....’’Alhamdulillah,semaure biyung.’’Payu piro le?’’pitakonne biyung.Wau dateng peken kaliyan blantik dipun tawar limang atus ewu,boten kulo paringaken ’’semaurku.’Bener kuwi le.wedus gede kok dituku murah..’’Lajeng blantik lintunipun nawar setengah juta,kulo paringaken.Sesuai kaliyan welingipun panjenengan,’’ kon ngedol jutaan.’’

‘’Woalah Dul...Dul..... Bedun tenan kowe kuwi.’’Ngendika mekaten biyung kulo sinambi ngelus dadanipun.Amargi bangga kaliyan kacerdasan kulo.       Palingo ngo GIH........

Kamis, 02 Januari 2014

Berkah Dibalik Musibah

                ‘’Dul.’.....Swara wong nyeluk jenengku ngagetke aku sing lagi khusuk.[Ora khusuk solat nanging khusuk pesbukan]
‘’I...iya.Semaurku rada gugup merga kaget.Aku noleh marang wong sing nyeluk aku mau.Nanging sajake aku kok ora kenal wong kuwi.
‘’He.....iki  aku....Minuk.Koncomu SMP....mosok lali. Setengah gak ngandel aku nyauri ‘’puangling aku.Piye critane awakmu saiki kok malih Uayu,irungmu kok malih buangir kaya wong Arab,Irungmu biyen lak puesek.’’Opo irungmu mbek operasi  ta Min’.pitakonku.
‘’Iya Dul’,semaure Minuk.’’Wah sajake wis makmur tenan awakmu kok kober ngoperasine irung’.pitakonku maneh.
                ‘’Ngene lho Dul tak critani;
Nalikane aku lungo ndek Arab dadi TKW  aku ngalami musibah.Bus sing tak tumpaki nabrak unta sing lagi nyabrang.Penumpange kabeh tatu/luka-luka ndek bathuke mergo ketatap jok bangku ngarepe.Anehe luka-lukaku ora ndek bathuk nanging ndek irung.
‘’Lha kok iso ngono’pitakonku motong critane Minuk.
Amerga nalika iku aku lagi ngerah upil garing sing ndek irungku.Dadine drijiku mancep ndek irungku.
‘’Ha...ha...ha...’!Aku rakuat nahan gemuyu.
‘’Wong kancane entuk bilahi kok malah diguyu ta Dul.’semaure Minuk.
Lha terus piye....pitakonku penasaran.
Ya, sak banjure aku digawa ndek Rumah Sakit lan dioperasi.Mergo nek ngoperasi ndek Rumah Sakit Arab lan doktere wong Arab dadi irungku ya digawe mirip wong Arab,
                ‘’Ha...ha....ha....’aku kepingkel-pingkel ngrungokne critane Minuk.

‘’Berarti sampean iki entuk berkah dibalik musibah ,Min’ .Komentarku nggo nglipur Minuk.

Rabu, 01 Januari 2014

GAK ONO BUKTINE

   Gak Ono Buktine
Dhek dino miinggu kepungkur aku weruh kadadean sing nyleneh , yaiku ono manuk  sing nduweni sirah gajah.Saking gumunku aku nganti semaput.
Anehe manuk mau ora mangan wiji-wijian kaya saklumrahe manuk,utawa mangan suket sak lumrahe gajah.
Nanging manuk siluman gajah mau mangan karak sing tak pepe ndek nduwur genting.
Manuk mau mangan karak nganti resik tanpo sisa.
Sakwise ngentekke karak sing tak pepe , manuk siluman mau mabur ndek sor wit asem .
Aku terus ngiwasi manuk mau tanpo kedep.Katon manuk mau leyeh-leyeh ndek sor wit asem.
Maklum wae manuk mau kwareken bar mangani karakku sing lumayan okeh.
 Ora let suwe manuk mau keturon.
Aku jajal nyedaki manuk mau , sanajan aku rada wedi nanging amarga rasa penasaran sing gede aku nekat terus nyedaki manuk mau.Karo mindap-mindip aku namatke manuk mau.
Hah.’’.....aku kaget banget weruh manuk mau saka cedak. Rupane manuk mau ora kaya gajah meneh nanging kaya rupaku.Wah...wah.. .jalma opo iki sing iso molah malih rupa lan membo-membo sak karepe dewe. Aku ora trimo yen rupaku ditiru dening manuk mau.
Sak banjure mergo rada nesu campur gelo,manuk mau tak gugah lan tak omeli.
He.....manuk. Sopo kowe kok membo-membo kaya rupaku, aku ora trimo....awakmu tak tuntut ndek pengadilan.
Mbek tuntut atas dasar kesalahan op0?.....aku ora nglanggar lalu lintas,ora nyolong,ora ngedarke narkoba, ora korupsi sing okeh dilakoni pejabat-pejabat kae.aku mung niru rupamu sing ueelek iki ae mosok awakmu ora trimo,...semaure manuk mau.
Awakmu tak tuntut plagiat. ..semaurku. sembarangan niru-niru tanpo ijin.
Emange rupamu wis duwe lisensi,wis bek daftarke hak cipta.,kok gak oleh ditiru....’’semaure manuk mau diplomatis,
Semu-semu kemisinan aku semaur’’yo wis yen ngono awakmu tak tuntut nyolong karak sing tak pepe lan  mbek pangan mau.
Emange awkmu duwe bukti yen aku mangan karakmu?jawab manuk.
Duwe....aku duwe rekaman cctv. Ayo didelok.
Aku lan manuk mau mlaku  menyang omahku ndelok rekaman cctv sing tak pasang ndek duwur genteng.
Bareng rekaman diputer manuk mau guyu cekikikan,....iku dudu aku,rupaku kan ora rupa gajah,ha ha ha ha.....semaure manuk mau.??????????????????????????????????????????????????????
Aku tambah mangkel lan gelo. Saking geloku laptop sing tak gae nulis karangan iki tak kepruk...
RUSAK DEH........



Pengarang;pak AW
Kidul tretek kendal ngrengket,nganjuk,JATIM